Kudu meksa mlebu
Yen kayu lawange omah
Mula buku lawange ngelmu
Yen awak sayah, selak kepingin mlebu omah
Nanging, yen pikiran buntu kenapa ora kepingin mlebu buku?
Malah mlayu!
Yen dak peksa mlebu, malah turu!
Nganeh- anehi tenan awakku!
Ani Safitri