isine wajan wis mateng
sapu wis kesel ngubengi latar
kemeja lan kaos wis padha lunyu
ora sambat....
jedhing wis mencep
jogan wis mengkilap
pitik- pitik wis padha kesumpelan lambene
ora sambat....
ora katon nesu
ora katon kesel
nanging, saka kisuting pakulitanmu ora bisa kok singidake
ibu...
Ani Safitri, Jangli 29/ 4/ 2019